Rabu, 03 Februari 2016

TUGAS KELAS XI SEMUA JURUSAN

WULANGAN 1

NYEMAK   MUSYAWARAH
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester            : XI / 2

I.              PANUDUH PIWULANG
1.      Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
2.      Uga maca materi bab NYEMAK MUSYAWARAH kanthi dibolan-baleni.
3.      Kanggo ngukuhake pemahaman, diprayogakake supaya maca buku referensi liyane.
4.      Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
5.      Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan.
6.      Rembugen/Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.

II.                KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi    : MENDENGARKAN
Mampu mendengarkan dan memahani wacana lisan nonsastra maupun sastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa
Kompetensi Dasar      : Mendengarkan kegiatan musyawarah yang disampaikan secara
   langsung atau berupa rekaman
Indikator                      :
1.      Menyebutkan pokok-pokok isi musyawarah
2.      Merangkum pokok-pokok isi musyawarah
3.      Menyampaikan secara lisan  rangkuman pokok-pokok musyawarah dengan menggunakan bahasa karma
4.      Menanggapi (isi) musyawarah yang disampaikan secara lisan oleh teman sekelasnya

III.             MATERI
A.    Nyemak
è  Jinising nyemak kaperang dadi loro, yakuwi :
a)      Nyemak Ekstensif
Tegese proses nyemak ana bebrayan saben dinane. Kayata nyemak radio, televise, pacelathon ning pasar, lsp.
Ana patang perangan nyemak ekstensif
1.      Nyemak Sekunder, nyemak sing kedadeyan sarana kebeneran. Upamane : lagi sinau uga bisa ngrungokake wong omong, swara radio, tv, lsp.
2.      Nyemak Sosial, nyemak sing ditindakake ana bebrayan social. Kayata : pasar, terminal, kantor pos, lsp.
3.      Nyemak Estetika / Apresiatif, tegese kegiyatan nyemak kanggo nikmati karya sastra. Kayata : nyemak puisi, cerita, syair lagu, lsp.
4.      Nyemak Pasif, tegese ngrungokake sing dilakoni kanthitampaana upaya sadar. Tuladhane nyemak basa dhaerah ngasi tekan bisa.
b)      Nyemak Intensif
Tegese kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen lan konsentrasi sing dhuwur.
Ciri-ciri nyemak intensif :
v  Nyemak kanthi pemahaman
v  Nyemak kanthi kebak konsentrasi
v  Nyemak paham bahasa formal
v  Diakhiri reproduksi hasil simakan

è Jinising nyemak Intensif yaiku :
1.      Nyemak Kritis tegese :kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen kanggo menehi biji kang objektif, nemtokake asli lan orane, kaluwihan, lan kakurangan-kakurangane.
2.      Nyemak Konsentratif, tegese : kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi permati; kanggo entuk pemahaman sing apik tumrap informasi sisng dirungokake. Tujuan  nyemak konsentratif yaiku :
ü  manut petunjuk-petunjuk/pituduh-pituduh (umpamane : pituduh ngisi  formulir pendaftaran.
ü  Nggoleki sesambungane antarunsur sajroning nyemak.
ü   Nggoleki sesambungane kuantitas lan kualitas sajroning komponen.
ü  Nggoleki informasi penting.
ü  Nggoleki urutan penyajian bahan semakan.
ü  Nggoleki gagasan utama
3.      Nyemak eksploratif, tegese kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi permati kanggo entuk informasi anyar. Tujuane :
ü  nemokake gagasan anyar.
ü  Nemokake informasi anyar lan tambahan saka bidang tertentu.
ü  Nyemak kanggo nemokake topik-topik anyar sing bisa dikembangake.
ü  Nemokake unsure-unsur bahasa sing sifate penting.
4.      Nyemak Interogatif, tegese : kegiyatan nyemak sing nduweni tujuan kanggo nggoleki informasi kanthi cara ngajokake pitakon-pitakon sing diarahake tumraping entuk-entukaning informasi. Tujuane :
ü  Kanggo nggoleki fakta-fakta / kasunyatan.
ü  Nyemak gagasan anyar.
ü  Nyemak kanggo entuk informasi sing disemak asli apa ora.
5.      Nyemak Musyawarah
Nyemak Musyawarah kalebu nyemak intensir yaiku nyemak konsentratif. Topik sing dirembug ana sajroning musyawarah kuwi beda-beda. Musyawarah dadi gayeng menawa topike isih actual.

è Pangertosan Musyawarah (Sarasehan)
Sarasehan yaiku cara tukar pikiran kang ditakokake kanthi musyawarah. Sarasehan lumrahe ngrembug masalah kepentingan wong akeh.

è Urutan Kagiyatan Musyawarah (Sarasehan)
Urutan kegiyatan kang kudu dilakoni nalika nindakake sarasehan , yaiku :
1.      Nemtokake masalah kang bakal dirembug.
2.      Nemtokake para petugas ana ing kagiyatan sarasehan
3.      Ngatur mekanisme kagiyatan sarasehan
4.      Etika nalika nglakokake kagiyatan sarasehan
5.      Gawe susunan laporan sarasehan

è Mupangat Musyawarah (Sarasehan)
Mupangat kang bisa kapethik saka kagiyatan sarasehan yaiku :
1.      Tambahing wawasan kanggo para pesertane.
2.      Para pesertane bakalan nduweni kewanen kanggo nyampekake pendapat/pikiran.
3.      Nduweni sipat ngrumati marang wong liya.
4.      Nduweni daya pikir kritis.

è Patrap kang kudu digatekake nalika urun rembug ing kagiyatan musyawarah
1.      Menehi saran lan usulan kanthi bener lan nganggo tata krama.
2.      Ora setuju (nyanggah) utawa nolak panemune wong liya kanthi logis didhasari argumen (alesan) kang kuat lan manteb.

è Paraga-paraga sajroning sarasehan (musyawarah)
1.      Ketua/Moderator → kang mandhegani kaleksananing urun rembug kang nduwe tugas mbukak lan nutup acara urun rem bug, kalebu uga ngatur wektu kapan mungguh paraga-paraga ing urun rembug bisa ngendikake usul, saran, utawa panemune.
2.      Penyaji → yaiku sing ngandhakake masalah kang arep dirembugake bebarengan, nduweni tugas mimpin urun rembug mbahas masalah-masalah kang wes diandharake ana ing ngarep, kalebu mangsuli/nerangkake menawa ana pitakon-pitakon saka anggota liyane.
3.      Notulen → yaiku nyathet samubarang kang dumadi lan ana ing sajroning urun rembug kayata : papan lan titimangsa kaanakake urun rembug, masalahe apa pitakon-pitakon saka paraga urun rembug, lan asiling urun rembug.
4.      Bendahara
5.      Anggota → dadi anggota kudu aktif lan nyengkuyung anggone urun rembug kanthi nguntabake panemune, usule, utawa sarane. Lan nggunakake basa kang sopan uga gampang dimangerteni, cekak aos, lan ora nyinggung pangrasane anggota liyane.

è Format Laporan Musyawarah (Sarasehan)
Kango nggoleki informasi penting ana sajroning musyawarah bisa nggunakake format ing ngisor ini.
ü  Tema / topik             :   ………………………………………………….......
ü  Paraga Musyawarah :     1. ……………………………...............................
     2. …………………………………………………..
     3. …………………………………………………..
     4. …………………………………………………..
ü  Isi Musyawarah     :
a. Pambuka              : ……………………………………………………….
b. Isi                         : ……………………………………………………….
c. Panutup                : ……………………………………………………….
ü  Simpulane                : ……………………………………………………….

III.        PENDALAMAN MATERI / TUGAS
Ing ngisor iki ana tes musyawarah. Semaken kanthi permati banjur golekana bab-bab kang penting.
Format laporan musyawarah kaya ing ngisor iki :
ü  Tema / topik             :   ………………………………………………….......
ü  Paraga Musyawarah :     1. ……………………………...............................
     2. …………………………………………………..
     3. …………………………………………………..
     4. …………………………………………………..
ü  Isi Musyawarah     :
a. Pambuka              : ……………………………………………………….
b. Isi                         : ……………………………………………………….
c. Panutup                : ……………………………………………………….
ü  Simpulane                : ……………………………………………………….
Musyawarah:
REBOISASI
            Sawijining dina ing RT 4 / RW V Kampung Tegalsari nganakake rapat RT sing mbahas bab penghijauan utawa reboasasi.
Ketua RT     :   Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh.
Warga          :   Wa’alaikum salam.
Ketua RT    : Matur nuwun kula aturaken dhumateng para bapak warga RT 4 ingkang sampung kersa angrawuhi musyawarah rutin bulanan punika. Wonten ing wekdal punika, kula badhe medharaken bab ingkang saged dipun wastani wigati. Sakjane ngono ya antaraning penting ora penting. Jlentrehipun kados makaten. Sapunika lak mangsa rendheng kamangka kahanan RT 4 punika ing pinggir radosan taksih kosong dereng wonten tanemanipun. Kados pundit menawi dipun anakaken penghijauan ?
Pak Agus    : Wah….sajakipun kok sae punika, kula inggih setuju kemawon. Sanesipun  kados pundit ?
Pak Marno   : Babagan ingkang sae kados makaten menawi kula nggih monat-manut  mawon.
Pak Joko     : Monat-manut nggih pareng, Pak. Ning niku lho, dananipun kados pundit ?
Pak  RT      :    Lja….punika ingkang kedah dipun rembug sesarengan. Mangga kula aturaken panjenengan ingkang ngrembug. O …..inggih, Pak Marno rak bendhahara, ta. Kados pundit, Pak ? kahanan kas RT ?
Pak Marno  :  Mekaten Bapak-bapak, kas RT kita taksih wetah, tegesipun dereng dipun angge kegiyatan ingkang mbetahake arta kathah. Wingi halal bihalal rak sederma kempalan sarasan. Gunggunge  arta wonten Rp. 500-an ewu. Sumangga panjenengan kemawon.
Ketua RT    : Wah ….kaleresan menawi makaten. Kados pundit Bapk-bapak bab penghijauan punika ?
Warga         : Setujuuuuuu…………………!
Pak Jarot    : Nyuwun sewu, Pak RT, lajeng jinisipun taneman punika punapa ? Jinis rak nggih netepake rega barang ?
Pak Joko     :  Kados pundit menawi glodog utawi cemara kemawon. Sae lho taneman punika.
Warga        :  Wah………cocok……………cocok !
Pak RT      :  Nggih sampun. Menawi makaten mangga minggu ngajeng kita gotong royong nanem pelem. Matur nuwun sanget dene panjenengan sampun ngarujuki bab punika. Kula cekapi semanten……………………..
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi  Wabarakatuh.






























SOAL LATIHAN WULANGAN 1

Kelas / Semester  :     XI / 2
I.     Wenehana tandha ping ana  aksara A, B, C, D, utawa E marang jawaban kang paling bener!
1.      Kegiyatannampaswara kanthi ora sengaja, saderma kebeneran diarani …
a.       Nyemak           b. Semak         c. Nguping       d. Krungu       e. Ngrungokno
2.      Dene kegiyatan (sing positif), nampa swara kanthi sengaja tur entuk reproduksi diarani …
a.       Nyemak           b. Semak         c. Nguping       d. Krungu       e. Ngrungokno
3.      Ing ngisor iki sing dudu kalebu nyemak ekstensif yaiku …..
a.       Nyemak sekunder        c. Nyemak kritis         e. Nyemak social
b.      Nyemak estetika          d. Nyemak pasif
4.      Yen pas ana jroning pasa kowe nyemak tembung-tembunge wong ing pasa kuwi diarani ….
a.       Nyemak sekunder        c. Nyemak kritis         e. Nyemak social
b.      Nyemak estetika          d. Nyemak pasif
5.      Ciri-cirining nyemak intensif ana ing ngisor iki, kajaba ……
a.       Kanthi pemahaman
b.      Konsentrasi sing temenan
c.       Paham basa formal
d.      Informasi penting
e.       Reproduksi hasil simakan
6.      Kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen kanggo menehi biji sing objektif, asli lan orane, lan kekurangan-kekurangane diarani nyemak …..
a.       Kritis                b. Konsentratif            c. Eksploratif   d. Interogratif    e. Intensif
7.      Ing ngisor iki tujuane nyemak eksploratif, kajaba …..
a.       Nemokake gagasan anyar
b.      Nemokake informasi penting
c.       Nemokake informasi anyar lan tambahan
d.      Nemokake topik-topik anyar
e.       Nemokake unsur-unsur basa sing sifate penting.
8.      Nyemak musyawarah kalebu nyemak …..
a.       Sekunder          b. Sosial          c. Estetika      d. Ekstensif     e. Intensif
9.      Sing kudu digatekake ana ing nyemak sawijining musyawarah yaiku …..
a.       Topik               b. Paraga        c. Wektu        d. Simpulan       e. Asile
10.  Topik musyawarah ana ing ndhuwur yaiku …..
a.       Penghijauan dhateng wono
b.      Penghijauan salebeting kampong.
c.       Penghijauan radosan RT4
d.      Penghijauan griya piyambak-piyambak.
e.       Penghijauan  lapangan RT 4


II.  Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki !
  1. Coba bedakno tegese krungu, ngrukokake, lan nyemak !
Wangsulan:……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
2.      Nyemak ekstensif ana pira ? cethakno !
Wangsulan:……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
3.      Apa tujuane nyemak konsentratif. Sebutna 4 wae !
Wangsulan:……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
4.      Kepriye kesimpulane musyawarah ana ing dhuwur ?
Wangsulan:……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
5.      Coba wenehana tanggapanmu (akeh 2 ukara) tumrap gagasane Pak RT !
Wangsulan:…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………......


















WULANGAN 2
NGREMBUG  MACAPAT (MICARA)

Mata Pelajara              : Bahasa Jawa
Kelas/Semester            : XI / 2

I.         PANUDUH PIWULANG
1.      Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
2.      Uga maca Materi bab NGREMBUG MACAPAT kanthi dibolan-baleni.
3.      Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
4.      Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
5.      Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan.
6.      Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.

II.      KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi   : BERBICARA
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan nonsastra maupun sastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa
Kompetensi Dasar       : Membahas atau mendiskusikan isi tembang macapat
Indikator                     : 1.   Menyebutkan paugeran tembang macapat (guru gatra, guru
wilangan, guru lagu,      wataking tembang)
2.      Mendiskusikan isi atau makna tembang macapat yang disajikan guru
3.      Melaporkan hasil diskusi
4.      Menanggapi hasil diskusi yang dibawakan oleh perwakilan kelompok
5.      Membuat tembang macapat (yang ditentukan oleh guru) dengan bahasa ngoko/krama
6.      Menembangkan tembang macapat yang disajikan guru

III. INFORMASI MATERI
A.      Tembang Macapat
è Tegese Tembung Macapat
Macapat ditegesi maca papat-papat tegese macane papat-papat, saben pamunggele tembung kedadeyan saka patang wanda. Ananging iki dudu siji-sijine teges.. salah sawijining pakar Sastra Jawa, Arps negesi macapat kanthi teges-teges kang maneka warna kaya kang kapacak ana bukune kang asesirah Tembang in two traditions.
Kajaba saka kuwi, -pat ngrujuk marang  panandha  diakritis (sandhangan) ana sajroning aksara Jawa kang jumbuh lan mathuk ana sajroning tetembangan  macapat.
Miturut  Serat Mardawalagu, sing dianggit dening Ranggawarsita, macapat kuwi saka singkatan frasa maca-pat-lagu sing tegese nembangake lagu kang angka papat “melagukan nada keempat”.  Kajaba  maca-pat-lagu, isih ana maneh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu. Maca-sa kalebu maca lagu utawa tembang kang paling tuwa, miturut ujaring kandha diripta dening para Dewa lan diturunkan marang pandita Walmiki lan digandhakake dening sang pujangga istana Yogiswara saka Kediri.Maca-sa saiki diarani tembang gedhé. Maca-ro kalebu  tembang gedhé kang gunggunge pada saben  pupuh bisa kurang saka papat, lan gunggunge wanda saben gatra ora kudu padha. Maca-tri utawa kategori angka telu yakuwi  tembang tengahan kang miturut ujaring kandha diripta dening Resi Wiratmaka, pandita istana Janggala lan kasampurnakake dening Pangeran Panji Inukartapati lan sadulure. Pungkasane, macapat utawa tembang cilik diciptakake dening Sunan Bonang lan diturunake marang para wali.
è Sejarah macapat
Secara umum macapat thukul nalikaning zaman Majapahit lan kawiwitan antuk pangaribawa saka Walisanga. Kahanan iki mligi ana ing Jawa tengah, dene  ing Jawa Timur lan Bali macapat wis ditepungi sadurunge Islam teka ing laladan Jawa.. tuladhane ana sawijining naskah saka Bali atau Jawa Timur kang asesirah Kidung Ranggalawé kang tinulis ing tahun 1334 Masehi.
è Struktur macapat
Sawijing  karya sastra macapat biasane kaperang dadi pirang-pirang pupuh. Saeben pupuh kaperang dadi pirang-pirang pada. Saben pupuh migunakake utawa struktur kang padha. Metrum iki gumantung saka watak isi teks kang diceritakake.
Gunggunge  pada saben pupuh beda-beda, gumantung marang gunggunge naskah kang digunakake. Sabanjure saben pada kaperang dadi  larik utawa gatra. Sabanjure saben gatra kaperang  wanda. Saben gatra nduweni wanda kang tetep lan dipungkasi dening vocal kang padha.
è Tabel macapat
Supaya luwih gampang mbedakake antaraning guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka  tembang-tembang kuwi, saben metrum ditata ana sajroning table ing ngisor iki.:
Metrum
Gatra
I
II
III
IV
V
VI
VII
VIII
IX
X
Tembang cilik / Sekar alit
Dhandhanggula
10
10i
10a
7u
9i
7a
6u
8a
12i
7a
Maskumambang
4
12i
6a
8i
8a






Sinom
9
8a
8i
8a
8i
7i
8u
7a
8i
12a

Kinanthi
6
8u
8i
8a
8i
8a
8i




Asmarandana
7
8a
8i
8a
7a
8u
8a



Durma
7
12a
7i
6a
7a
8i
5a
7i



Pangkur
7
8a
11i
8u
7a
12u
8a
8i



Mijil
6
10i
6o
10é
10i
6i
6u




Pocung
4
12u
6a
8i
12a






Tembang tengahan / Sekar madya
Jurudhemung
7
8a
8u
8u
8a
8u
8a
8u



Wirangrong
6
8i
8o
10u
6i
7a
8a




Balabak
6
12a
12a
12u




Gambuh
5
7u
10u
12i
8u
8o





Megatruh
5
12u
8i
8u
8i
8o





Tembang gedhé / Sekar ageng
Girisa
8
8a
8a
8a
8a
8a
8a
8a
8a



Tembang Macapat ing ngisor iki sinaunana !
ASMARADANA
Asjamara ari mami
Masmirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Prabalingga
Prang tandhing Wuru Bisma
Kariya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra

Watake tembang Asmaradana : merak ati, sedhih (karanaasmara)
Tegese tembang ing ndhuwur yaiku nyritakake bab Darmawulan (mantune Patih Logender) sing arep pamit marang garwane (Anjasmara) kanggo ngluruk perang ana ing Kutha Prabalingga/Blambangan mungsuh Adipati Menak Jinggo/Wuru Bisma. Pungkasaning perang Damarwulan mesthekake, menawa dheweke mesthi tumekaning lampus/mati amarga Adipati Menak Jinggo iku sekti mandraguna. Mulane, Anjasmara dipamiti (mukti ing Majapahit) dene Damarwulan arep palastra/mati.

B.       Parafrase Tembang Macapat
Parafrase tegese ngowahi tembang/geguritan sing maune awujud pupuh/pada /bait dadi gancaran/prosa. Ana basaIndonesiagampange sinebut memprosakan puisi. Perlu dimangerteni, tembang uga kalebu salah sijining jinis geguritan, geguritan kang kuno. Mawi paugeran guru gatra, guru lagu, guru wilangan, lan nduweni watak dhewe – dhewe. Ngarang tembang ora kena ngawur, kudu nganggo paugeran-paugeran mau.
Ing ngisor iki ana tuladha tembang sing arep didadekake gancaran (paraphrase).
1.      Dhandanggula
Dhandanggula
Kawruhana wong priya sejati
Lamun arsa hanguapaya garwa
Den patitis pamilihe
Pisan kengguh wong ayu
Kaping pindho milih wong sugih
Kaping telu kawibawan
Kaping papatipun
Kena sambang – sarawungan
Bisa uga ginelut ing tembang manis
Marma denya waspada

Tembang ing ndhuwur gancarane ana ing ngisor iki.
Kawruhana/mangertanana wong priya kang sejati. Menawa nggolek garwa kudu sing patitis, kudu ngati-ati, kanthi permati, ora grusa-grusu. Yen kengguh wong ayu, ayu kang bener iku hayu tegese nylametake lelakon. Dadi yen wong lanang milih wong ayu (hayu) kudu ngerti yen calon garwane iku bakal nylametake lelakon, dudu wong ayu sing nyengsarakake lelakon.
Kapindho, yen milih garwa maraga garwane wong sugih ya kudu ngati-ati. Sebab wong lanang yen milih bojo sugih, ing tembe mburine bakal ora kajen. Ora mung dheweke ananging bisa uga wong tuwane, sedulure, lan sapanunggalane, sebab dianggep wong mlarat. Mula wong lanang iku kudu rumagang gawe duwe panggaotan aja mung nunut wong wadon. Tegese wong lanang iku kudu tanggung jawab.
Kaping telu, yen milih calon bojo amarga nunut kawibawan. Tuladhane calon bojone putrane wong kondhang, pejabat sing kudu ngati-ati, kudu dipikir kanthi permati, supaya ora keduwung ing mburi. Sabab, kawibawan iku ora langgeng, watake sok seneng ngremehake wong lan ngina wong, sebab dianggep ora sadrajat, ora babag derajate.
Kaping papate, milih calon garwa saka sambaing – srawungan. Bibite wong bareng kuliah, duwe hobi padha, kanca latihan Koor, lsp. Woang Jawa paring sesulang lan pemut sing ngati-ati, amarga wong sambaing – srawungan iku, witing tresna jalaran saka kulina banjur kurang prayitna, ing tembe mburine keduwung amarga panelitine kurang permati.
Pinglima, ginilut ing tembung manis. Lha iki mbebayani banget. Sebab tembung manis mau jebul ora tekan bathin, among samudana, ethok-ethok. Wong kang tansah nganggo tembung manis adakane duwe pamrih, luwih-luwih pamrih bandha. Cekake tembung manis ora kena ditamba-tamba.

C. Wataking Tembang
  • Tembang Pocung          : saenake, sembranan, guyonan. Gunane kanggo guyonan (berkelakar), cangkriman, pitutur.
  • Tembang Mijil              : gandrung-gandrung, prihatin, Gunane: pangudhar rasa prihatin.
  • Tembang Maskumambang : susah nelangsa, prihatin, merana. Gunane kanggo mratelakake rasa susah karana.
  • Tembang Kinanthi         : gandrungasmara. Gunane: kanggo  mratelakake rasa susah karanaasmara.
  • Tembang Durma           : nesu, dendam, muring. Gunane kanggo pengeten anlikaning perang, tantang-tantangan.
  • Tembang Asmaradana: sengsem, nesu, dendam. Gunane mratelakake rasa susah karanaasmara.
  • Tembang Pangkur         : gandrung, tegang. Gunane kanggo menehi pepenget/peringatan
  • Tembang Sinom            : lugu, susah, prasaja. Gunane kanggo menehi pitutur, kanggo mbabar rasa susah.
  • Tembang Dhandhanggula: luwes, manis, sarwa cocok. Gunane kanggo pitutur, mbabar rasa susah, kanggo pambuka gendhing.
  • Tembang megatruh       : susah, rasa  cuwa/gela kang mbangeti. Gunane kanggo mbabarake rasa susah.
  • Tembang Gambuh        : nerangake, nbeber kawruh. Gunane kanggo mulang muruk.

IV.        TUGAS
1.      Ing ngisor iki ana sapupuh tembang mijil. Gawea gancarane lan tegese sisan tembung-tembung sing angel.
Mijil
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumangkula yen dipun dukani
Bapang den Simpangi
Ana catur mungkur
2.      Apa watake tembang-tembang ing ngisor iki !
No
Tembang
Watake
1
Pocung

2
Durma

3
Mijil

4
Asmaradana

5
Maskumambang

6
Kinanthi

7
Pangkur

8
Dhandanggula








SOAL LATIHAN WULANGAN 2

Kelas/Semester : XI / 2
I.     Wenehana tandha ping ana aksara A, B, C, D, utawa E ana wangsulan kang paling bener !
1.      Ing ngisor iki sing dudu kalebu tembang macapat yaiku …
a.       Gambuh
b.      Asmaradana
c.       Maskumambang
d.      Kinanthi
e.       Dhandanggula
2.      Watake tembang Asmaradana yaiku ….
a.       Sereng, galak
b.      Merak ati, sedhih
c.       Sedhih, ngayawara
d.      Sembranan, parikeno
e.       Sesuluh, piwulang
3.      Dene tembang sing nduweni watak sereng galak yaiku ….
a.       Kinanthi
b.      Durma
c.       Dhandanggula
d.      Pangkur
e.       Mijil
4.      Guru gatra tembang Dhandanggula cacahe
a.       6           b. 7                  c. 8                 d. 9                 e. 10
5.      Guru gatra tembang Asmaradana yaiku …..
a.       5           b. 6                  c. 7                 d. 8                 e. 9
6.      Ing ngisor iki guru lagune tembang Asmaradana yaiku ….
a.       a            b. i                   c. u                  d. e                  e. o
7.      Sing sinebut Wuru Bisma ana tembang Asmaradana yaiku ….
a.       Damarwulan
b.      Patih Logender
c.       Menakjinggo
d.      Layang Seto
e.       Layang Kumitir
8.      Kutha Prabalingga sing dimaksud ana tembang Asmaradana yaiku ….
a.       Purbalingga
b.      Jawa Timur
c.       Prabalingga
d.      Blambangan
e.       Majapahit
9.      Simaken tembang Pocung ing ngisor iki !
Pocung
Siswa iku kudu manut marang guru
Rukun marang kanca
Aja drengki aja srei
Aja climut aja jail aja nakal
Surasaning tembang pocung ing ndhuwur ngemot bab kajaba…..
a.       Pendidikan
b.      Budi pekerti
c.       Unggah-ungguh
d.      Moral
e.       Cangkriman
10.  Tegese climut ana tembang pocung ing ndhuwur yaiku ….
a.       Seneng colong-jupuk
b.      Seneng golek ilmu
c.       Seneng kekancan
d.      Seneng memitran
e.       Seneng dolanan
11.  Paugerane nggawe tembang ana ing ngisor iki, kajaba …..
a.       Guru gatra
b.      Guru lagu
c.       Guru wilangan
d.      Guru tembang
e.       Watake tembang
12.  Tembang sing digawe gancran jenenge ……
a.       Geguritan
b.      Parikan
c.       Wangsulan
d.      Paraphrase
e.       Syingir
13.  Tembang Dhandanggula ing ngisor iki waspadakna !
Dhandanggula
Kawruhana wong priya sejati
Lamun arsa hangupaya garwa
Den patitis pamilihe
Pisan kengguh wong ayu
Kaping pindho milih wong sugih
Kaping telu kawibawan
Kaping papatipun
Kena sambaing – srawungan
Bisa uga ginelut ing tembung manis
Marma denya waspada
Tegesing ukara den patitis pamilihe ana ing ngisor iki kajaba …..
a.       Sing ngati-ati
b.      Sing premati
c.       Ora grusa-grusu
d.      Sing ayu
e.       Sing teliti

14.  Milih wong sugih kudu ngati-ati, awit ……
a.       Nyengsarakake lelakon
b.      Nylametake lelakon
c.       Bakal ora kajen
d.      Diremehake liyan
e.       Kurang prayitna

15.  Tegese hangupaya padha karo ing ngisor iki …..
a.       Ngupadi         c. Nyaosi
b.      Menehi           d. Ngaturi

II.  Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki !
1.      Sebutna tembang-tembang sing kalebu macapat !
Wangsulan : ……………………………………………………………………………
...................................................................................................................................
2.      Coba wenehana teges tembang Asmaradana ing ngisor iki !
Asmaradana
Anjasmara ari mami
Mas mirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Prabalingga
Prang tandhing Wuru Bisma
Kariya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra
Wangsulan : ……………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………….....
3.      Tulisen paugerane tembang Asmaradana ing ndhuwur !
Wangsulan : ……………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………….....
4.      Wenehana tuladha tembang sing ngemu cangkriman!
Wangsulan : ……………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………….....
5.      Apa sing diaranei paraphrase ?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………..






WULANGAN 3
NULIS WACAN PERSUASI

Mata Pelajaran             : Bahasa Jawa
Kelas/Semester            : XI / 2
Metode                        : Tanya jawab, Latihan/Drill
I.       PANUDUH PIWULANG
1.      Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
2.      Uga maca Materi bab NULIS WACAN PERSUASI kanthi dibolan-baleni.
3.      Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
4.      Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
5.      Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan.
6.      Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
II.    KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi : MENULIS
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan nonsastra maupun sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa.
Kompetensi Dasar      : Menulis wacana persuasi dalam bentuk naskah pidato
Indikator                     : 1. Menentukan topic wacana persuasi
2.    Membuat naskah pidato yang berupa  persuasi dari kerangka karangan yang disediakan
3.    Membuat kerangka karangan pidato yang berupa persusasi dengan topik yang telah dipilihnya
4.     Menulis pidato utuh berupa wacana persuasi berdasarkan kerangka karangan yang telah disusunnya
5.    Menyunting pidato berupa wacana persuasi yang ditulis teman
III.        INFORMASI MATERI
WACANA PERSUASI ( PANGAJAK)
Paragrap persuasi iku sambungane saka kembangane  paragrap argumentasi. Persuasi sepisanan ngandharake gagasan nganggo alesan, bukti, utawa tuladha kanggo nyakinanke pamaos. Banjur dibarengi nganggo ajakan, bujukan ,rayuan, imbauan utawa saran marang pamaos. Bedane paragrap argumentasi lan paragrap persuasi. paragrap argumentasi kang dadi bakune yaiku salah benere gagasan / pendapat. nek paragrap persuasi ngarep – arep supaya pamaos melu karo kekarepane panulis.
Tuladha :
Praktik pidato iku gedhe banget mupangate. Saben praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling nyensemake ati. Saya kulina anggone praktik pidato, mbuh iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin kang diduweni. Saka pengalaman batin mau pamicara nemokake cara – cara pidato sing efektif lan nyenengake. Saya akeh pamikat kang ditemokake lan saya kerep dipraktike, bakal saya akeh pengalaman pamaos.Wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa percaya dhiri mauwis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya rasa isin ), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo nggayuh keberhasilan pidato. Mula supaya mahir lan prigel pidato, panjenengan kudu nglakoni praktik pidato.

IV.        TUGAS
Ing ngisor iki ngenani tuladha sesorah kang nganggo wacan persuasi. Wacanen kanthi permati, banjur titenana ciri-ciri kang mligi wacan peruasi!
Mengeti dinten pendidikan nasional
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun!
Bapak Ibu Dwija Basa Jawa ingkang satuhu kinabekten; sarta sedaya kanca panyarta lomba sesorah ingkang dados kekudanganing para pinisepuh.
Sumangga kula dherekaken ngunjukaken raos syukur Alhamdulillah hirobil’alamin wonten ngarsanipun Pangeran ingkang Mahawikan inggih Allah Ta’alla, ingkang sampun kepareng ngrentahaken pinten-pinten kanikmatan, kabingahan, sarta kawilujengan dhumateng kula sedaya, satemah saged ndherek lomba sesorah ing enjing menika.
Salawat saha salam mugi tansah katetepna dhateng Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, tumedhakipun dhateng garwa putra, para sekabat, sarta sedaya pandherekipun, mugi kalebetna kula lan panjenengan sedaya. Amin.
Ing salajengipun keparenga kula kanthi andhap asoring manah badhe ngaturaken sekedhik kanthi irah-irahan Gerakan Disiplin Nasional Tumrap para Mudha lan Para Siswa.
Sanggyaning para siswa ingkang kula tresnani, tetembungan Gerakan Disiplin Nasional utawi  GDN sampun sawetawis dangu kula mangertosi. Wondene menggah ingkang dados werdinipun inggih menika satunggaling tindak lampah ingkang kanthi raos lila lan legawa nindakaken sedaya pranatan saha aturan ingkang lumampah ing papan ngriku, sarta nebihi sedaya pepacuh utawi awisan kados ingkang sampun kapacak ing Tata Tertib Sekolah ingkang lumampah salebeting negari Indonesia. Jer kula sedaya kedah tansah enget, bilih  wonten sawenehing paribasan mawa Basa Indonesia ingkang ungelipun Di mana bumi dipijak, di situ langit dijunjung. Ingkang tegesipun, wonten ing sadhengah papan ingkang kula anggeni menika, kula sedaya kedah angugemi, ngurmati, sarta nindakaken adapt-istiadat utawi tata cara ingkang sampun lumampah ing papan ngriku. Sampun ngantos nyingkiri utawi nebihi, kepara anjejegaken angger-angger ssaengga dados kuwajiban ingkang kedah dipunlampahi, syukur bage dados pakulinan ingkang mbalung sungsum tumraping para siswa. Angon mangsa makaten wonten Basa Jawi. Tegesipun dados siswa menika kedahipun mangertosi mpan lan papa, mangertosi kahanan utawi situasi ingkang dipun adhepi. Wonten ing irah-irahan sinebut tumrap para mudha saha para siswa, artosipun gerakan Disiplin Nasional mekaten kedah katindakaken dening para mudha sarta para siswa. Kanthi makaten lampahing gladhen kedah kawiwitan nalika taksih lare (prasiswa/dereng sekolah), kalajengaken sasampunipun mlebet sekolah utawi sampun dados nem-neman. Samangke dumugi dewasa sarta sepuh sampun dados budayanipun saben tiyang sami nggadhahi budaya dhisiplin ngantos mratah sanegari.
Kula sedaya kedah mangertosi bilih, ingkang kawastanan panggulawenthah (pendidikan) mekaten lumampah ing samadyaning kulawarga, ekolah, tuwin ing madyaning masyarakat. Kanthi mekaten kula sedaya kedah tansah mulat dhateng sedaya satunggal-satunggaling papan panggulawenthah kasebut, ingkang saestu benten kawontenanipun sarta pangaribawanipun dhateng kadewasaning lare.
Menawi ing keluwarg sarta ing sekolah, temtu kemawon ingkang dados patuladhan sarrta paringipun seserepan ingkang sae-sae, ananging beda sarta tebih inggih menika pengaruh sarta patuladhan ingkang pinanggih ing masyarakat, menika menawi boten tansah ngatos-atos kathah perkawis-perkawis ingkang kedah dipunsaring kanthin saestu.
Kanthi wontenipun panggladhi  Gerakkan disiplin Nasional  wiwit alit sarta nalikanipun lare dados siswa, menawi lare menika saestu sampun nggadhahi cepengan ingkang dados piandeling gesang utawi way of life, saestu nalikanipun pikantuk pambujuk-pambujuk sarta pangaribawa ingkang boten laras kaliyan adapt-istiadat sarta kabudayanipun, mesthi kemawon sampun gadhah panyaring utawi filter. Saged milih pundit ingkang saged dipuntulad sarta katindakaken tuwin pundi ingkang kedah dipuntebihi kepara dipuntilaraken.
Ing wekdal menika, kula sedaya sami ngawuningani, bilih Gerakan Disiplin Nasional saestu mrihatosaken sanget, kacihna kanthi wontenipun kedadosan-kedadosan ingkang saestu nyimpang saking paugeran sarta tata karma Nasional, kepara para pangarsa ingkang wonten nginggil inggih boten saged kangge tepa palupi, nalikanipun kula miwah panjenengan nyumerepi kawontenan ing TV ngantos sami jejotosan amargi beda pamanggih. Menika saestu tebih saking landhesan Pancasila ingkang antawisipun nyebataken demokrasi. Lan cetha boten jumbuh kalih piwulangan Jawa ingkang kebak tepa selira.
Ingkang menika , kula sedaya mliginipun para siswa sumangga nggrengsengaken GDN kanthi saking sekedhik ngulinakaken tigang kabudayan, inggih menika : budaya tertib (tertib ing sekolah, tertib ing margi, tertib ing masyarakat); budaya resikan (resikan badan, boten mbucal uwuh ing sadhengah papan) lan budaya makarya (ngginakaken wekdal kangge sinau)
Mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi saged dados panglimbang sarta paninting, tumuju dhateng kadewasan lair lan batos. Amin.
Wonten kasar sarta lepating atur, kula namung tansah nyuwun lumunturing samodra pangaksama. Wabilahitaufik wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun.

Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1.      Apa isining pidato ing ndhuwur?
2.      Apa kang diarani Gerakan Disiplin Nasional kuwi?
3.      Kenangapa disiplin nasional mrihatinake banget?
4.       Ana wacan ing ndhuwur, ukara ngendi kang nuduhake menawa sesorah ing ndhuwur kuwi kalebu persuasi?
5.      Gawea pitakonan lan wangsulane sisan, kang gegayutan karo paragraph  ing ndhuwur kang cacahe 5!







































WULANGAN 4
PARIKAN, WANGSALAN, LAN GUGON TUHON

Mata Pelajaran             : Bahasa Jawa
Kelas/Semester            : XI / 2

I.         PANUDUH PIWULANG
1.      Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
2.      Uga maca Materi bab NULIS PARIKAN, WANGSALAN, LAN CANDRA SENGKALAN kanthi dibolan-baleni.
3.      Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
4.      Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
5.      Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan.
6.      Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
II.      KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi   :  MENULIS
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan nonsastra maupun sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa.
Kompetensi Dasar      :  Menulis parikan dan atau wangsalan
 Indikator                      : 1.   Menentukan kalimat yang termasuk parikan/wangsalan dari
                                              tembang/wacana yang ditentukan
2.      Membuat parikan/wangsalan sesuai dengan ilustrasi yang diberikan guru
3.      Menerapkan/menggunakan parikan/wangsalan ke dalam kalimat
4.      Menyunting parikan/wangsalan yang ditulis teman

III.   INFORMASI MATERI
A.    Parikan
Kang diarani parikan Yaiku unen-unen mawa paugeran telung warna yaiku :
·         kadedan saka rong ukara kang dhapukake nganggo purwakanthi guru swara
·         saben saukara kadedan saka rong gatra
·         ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.
Tuladha:
Tawon madu, ngisep sekar. (Ukuran kapisan, 2 gatra).
Calon Guru, kudu sabar (ukuran Kapindho, 2 gatra).
Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatene wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi, Perlune, supaya ing sadurunge ukara kang isi utawa “wose” dikandhakake, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atine, satemah banjur nggatekake, bisa ngerti temenan marang maksude ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).
Kanthi ukara liya sing diarani parikan kalebu salah sawijining puisi lawas. Parikan iki padha karo puisi tradhisional Melayu kangaran pantun. Puisi iki ngemu surasa purwakanthi swara/rima/sajak. Cacahe parikan iki ana sing 2 larik ana uga sing patang larik. Yen ana pantun, rong larik mau diarani karmina/pantun kilat.

è Ciri-cirining parikan :
1)      Nduweni purwakanthi ab-ab.
2)      Yen kedadeyan saka rong baris, baris kapisan sampiran lan baris kapindho isi. Nanging yen dumadi saka patang baris, baris 1-2 sampiran, baris 3-4 kasebut isi.
3)      Pendhote parikan ana sing 4-4 lan 4-8 (kanggo sing rong larik), 8-8 (kanggo sing patang larik). Pedhotan tegese gunggunge wanda saben sak gatra.
4)      Guna paedahe parikan kanggo pitutur, nyemoni, utawa gojegan ana ing pacelathon.

è  Manut ( cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, yaiku:
a)      Parikankandadadean saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2
Tuladha:
Ø  Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda)
Priya Ngganteng, sugih ngelmu (4 wanda + 4 Wanda)
Ø  Manuk emprit, nucuk pari (4 – 4 ======= Sampiran)
Dadi murik, sing taberi      (4 – 4 ======= Isi)
Ø  Jemek-jemek, gula jawa (4 – 4 ======== Sampiran)
Aja ngenyek, padha kanca (4 – 4 ======  Isi)
Ø  Manuk tuhu, mencok pager (4 – 4 ====== Sampiran)
Yen sinau, dadi pinter       (4 – 4 =======  Isi)
b)     Parikankandadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha:
Ø  Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda).
Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda)
Ø  Kembang mlathi, warna peni ngganda wangi (4 – 8)
Watak putri, kudu titi ngati-ati (4 – 8 )
Ø  Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar (4 – 8)
Lamun sabar, bisa lejar serta bingar (4 – 8)
Ø  Kembang kencur, tinandur tepining sumur (4 – 8)
Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur (4 – 8)
c)      Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha:
Ø  Enting-enting gula jawa,
sabungkus isine sanga
Ingatane para siswa,
wajib seneng nggubah basa.
Ø  Esuk nakir sore nakir (8)
Sing ditakir godhong ploso (8)
Esuk mikir sore mikir (8)
Sing dipikir ora krasa (8)
Ø  Jangan kacang jangan kara (8)
Kaduk uyah kurang gula (8)
Piwelingku mring pra mudha (8)
Aja wedi ing rekasa (8)
Ø  Yen kembang kembang cempaka (8)
Dudu kembang arum dalu (8)
Mumpung sira isih mudha (8)
Den asregep ngudi ngelmu (8)
Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, saweneh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumprap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Dene yen tembung “pada” iku sing dikarepake kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura kadadean saka 2 gatra: dadi kabeh ana 4 gatra Wondene carane nulis 4 gatra iku, kena bae didadekake 4 larik.
Tuladha :
Ø  Enting-enting gula jawa
Sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa
Wajib seneng nggubah basa
d)     Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing
Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran, sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha:
Ø  Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu)
Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)
Katrangan Perangan sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.
Ø  Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur
Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.
è Carane ngarang parikan
Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.

Klebu rerengganing basa
Parikan klebu rerengganing basa, sebab basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong sing maca utawa sing ngrungokake. Guneman mawa parikan basa njalari rame nengsemake.Gendhing digerongi nganggo sakepan kang mawa parikan, bisa marakake saya gayeng.
  1. A.     Wangsalan
  • Wangsalan kuwi tetembungan ing ukara sing disamun kayadéné cangkriman utawa batangané kasebut ing ukara candhaké mung dicangking wandané baé utawa unen-unen kang awujud cangriman kang batange ana ing njero unen-unen kuwi. Wangsalan dianggo ana pacelathon saben dinane.
  •  Wangsalan bisa dipérang telu yakuwi: wangsalan sajroning pacelathon, wangsalan èdi pèni lan wangsalan awujud tembang.
 Wangsalan jroning pacelathon
  • Njanur gunung, kadingarèn dolan mréné? (janur gunung = arèn)
  • Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges (rokok cendhak = tegesan)
  • Jenang gula, aja lali (jenang gula = glali)
  • Nggodhong garing, ésuk-ésuk kokwisnglaras (godhong garing = klaras)
  • Balung klapa, éthok-éthok ora ngerti (balung klapa = bathok)
  • Balung geni, mbokmenawa aku ora bisa teka (balung geni = mawa)
  • Balung janur, sida lunga apa ora? (balung janur = sada)
  • Balung pakèl, aja seneng alok-alok (balung pakèl = pelok)
  • Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir (jangan gori = gudheg)
  • Bocah cilik ora pareng ngrokok cendhak, saru kuwi kok neges-negesi barang
(ngrokok cendhak = tegesan; neges-negese)
  • Esuk-esuk kokwisnggodhong garing, kepenak tenan anggone nglaras.
(godhong garing  = klaras; nglaras)
Wangsalan èdi pèni
  • Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Ora gampang wong urip ing alam donya. (carang wreksa = pang, wreksa wilis tanpa patra = wit kayu urip)
  • Kolik priya, wanara Anjani putra. Tuhu éman, wong anom wedi kangèlan (kolik priya = tuhu, Anjani putra = Anoman)
Wangsalan awujud tembang
  • Kinanthi linging pitutur, kenthang rambat menyan putih, awasna dipun pratèla. Nolèha wiranging wuri, cecangkok wohing kalapa, kang dadi pathoking urip.
– kenthang rambat = tèla
– menyan putih = wlirang
– cecongkak wohing kalapa = bathok

IV.        Wangsalan iki terangna tegese !
Tuladha : mbalung geni, mbok menawa aku entuk rejeki dina iki !
Mbalung geni = mawa dadine, mbok menawa
a)      Balung jagung ta, le, aja janggelan !
Wangsulan: ………………………………………………....................................
b)      Aja mutra bebek, wira-wiri ana apa ?
Wangsulan ……………………………………………………………………........
c)      Dadi bocah apa seneng nglemadi bengkah, ta, kok nyela-nyela !
Wangsulan ………………………………………………………………………….
d)     Wah….pasar cilik tenan ki, sida wurung anggonku lungan
Wangsulan ……………………………………………………………………........
e)      Awas kowe kancing jaja tenan, titenana
Wangsulan ……………………………………………………………………........
f)       Mesin tulis, Mas witikna aku kudu kepriye ?
Wangsulan ……………………………………………………………………........
g)      Senengane kok nyega mambu, pamer sepatune sing anyar !
Wangsulan ……………………………………………………………………........
h)      Mrica kecut, Mbak, sauni-unine taktampakok
Wangsulan ……………………………………………………………………........
i)        Damar mancung, Mas, cinupet samene dhisik anggone rembugan
Wangsulan ……………………………………………………………………........
j)        Bantal dawa ya, Ngger, elinge mrang Kang Maha Kuwasa
Wangsulan ……………………………………………………………………........





TUGAS TAMBAHAN
1.      Golekana sejarahe campursari?
2.      Tulisna langgam campursari ing ngisor iki:
a.       Kasmaran
b.      Ketaman asmara
c.       Layang kangen
d.      Lungiting asmara
e.       Sewu kutha
3.      Apa tegese gugon tuhon lan gawea 20 tuladhane?
4.      Gawea sesorah perpisahan saking wakil kelas XI?
5.      Gawea tuladha wacana persuasi !

1 komentar:

  1. Gambling Problem Gambling in Vegas 2021 - Dr.MCD
    Las Vegas, Nevada, United States · gambling problem gambling 통영 출장마사지 is not a 대구광역 출장안마 problem in any state. · gambling is 군포 출장마사지 the only 아산 출장마사지 problem you can think of in any state. · gambling is one 대전광역 출장샵 that has an

    BalasHapus